Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan, Pengantin Pria

Ilustrasi: Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan, Pengantin Pria. ( foto pixabay)

SIGIJATENG.ID – Berikut ini contoh naskah pidato bahasa Jawa singkat untuk acara pernikahan. Setiap kali acara pernikahan ada acara sambutan. Dan bisa jadi Anda diminta untuk memberikan sambutan, baik sebagai wakil pengatin pihak lelaki atau pihak perempuan. Dan kadang, sambutan itu disampaikan dalma Bahasa Jawa.

Artikel ini bisa dijadikan panduan, jika Anda diminta tolong untuk memberikan sambutan dalma pernikahan dengan Bahasa Jawa. Mungkin ini tidak bisa memenuhi harapan kamu, namun bisa sedikit membantu.

Kamu perlu mempelajari pidato bahasa Jawa karena, kosakata yang berbeda dengan apa yang sering kamu dengar setiap hari.

Dikutip dari berbagai sumber berikut ini adalah contoh pidato bahasa Jawa singkat dan terbaru.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.

Soho poro tamu undangan walimatul urus, lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih puniko Bpk…….. sekeluargo.

Soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa… (desa pengantin lelaki) ,

keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa …… ngantos dumugi dusun miki, wonten dalemipun…Bopo …. Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak …. (nama sohibul hajat) sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin.

Kaping tigonipun, keranten Bpk….. (nama orang tua pengantin pria) meniko wahu boten saget matur piyambak, amergi saking bungahipun, saking bahagianipun karenten pernikahan ingkang putro, kulo aturan salam saking Bpak…

Poro rawuh ingkang kulo hormati.

Saklajengipun, kulo pasrahkan putro kulo, Mas (suami) dumateng keluargo  Bapak  (orang tua pengantin perempuan), moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene. Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, sak cekapipun kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo. Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Itulah contoh teks pidato bahasa Jawa singkat untuk acara pernikahan. (asz)

Berita terbaru:

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini